surat meminta praktek industri dalam bahsa jawa
Bahasa lain
tata01rachma
Pertanyaan
surat meminta praktek industri
dalam bahsa jawa
dalam bahsa jawa
1 Jawaban
-
1. Jawaban DarrelBDS
Sembah pangabekti,
Kanthi serat punika kula ngaturi pirsa bilih kawontenan kula ing Surabaya tansah pinaringan rahayu wilujeng ing pangamoyaning Gusti Ingkang Maha Agung. Ingkang dalem suwun, mugi-mugi kawontenan Bapak dalah Ibu saha kulawarga ing Pacitan ugi mekatana.
Kajawi ingkang ing nginggil, keng putra ngaturi uninga bilih benjing wekdal liburan semester gasal ing wulan Januari keng putra wonten kegiyatan Study Tour dhateng Pulo Bali. Pramila saking punika keng putra nyuwun kintunan arta kangge mbayar kekirangan tabungan tour lan kangge sangu ingkang cacahanipum Rp 400.000,00. Wondene tampi rapot benjing tanggal April 2013. Menawi wonten kalodhangan wekdal keparenga Bapak/Ibu tindak Surabaya mendhet rapot ing sekolahan. Menawi Bapak utawi Ibu repot dipunpendhet Pakdhe boten menapa. Keng putra wangsul dhateng Pacitan, benjing sasampunipun Study Tour dhateng Pulo Bali antawis tanggal 21 April 2013.
Wasana cekap semanten atur kula, mbokbilih wonten kirang langkunging atur, keng putra nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.
Keng putra tuhu tresna
Natasha Maulidha Sukendro